PAUGERAN
( ATURAN ) TEMBANG MACAPAT ANA TELU :
1.
Guru Gatra : cacahing gatra /larik
ing saben sapada
Cethane , saben sapada ( satembangan ) tembang macapat
apa bae wis ditentokake cacahing gatrane ( Jumlah baris dalam setiap bait
tembang telah ditentukan /diatur
2.
Guru wilangan : Cacahing wanda ing saben
sagatra
Cethane. Saben gatra /larik tembang macapat apa wae wis
ditentokake cacahing wandane ( jumlah suku kata dalam setiap baris tembang
telah ditentukan / diatur )
3.
Guru lagu : dhong-dhinging swara ing saben
pungkasaning gatra
Cethane , saben gatra /larik tembang macapat apa wae wis
ditentokake tibaning swara ing pungkasaning gatra mau , bisa a , i , u , e ,
utawa o ( vokal terakhir pada setiap baris telah ditentukan )
Supaya
paugeran-paugeran bisa dimangerteni coba gatekake contoh tembang macapat ing
ngisor iki :
Pucung
Ngelmu iku kalakone kanthi
laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Megatruh
Sigramilir
sang gethek sinangga bajul
Kawandasa
kang njageni
Ing
ngarsa miwahing pungkur
Tanapi
ing kanan kering
Sang
gethek lampanya alon
Gambuh
Sekar
gambuh ping catur
Kang
cinatur polah kang kalantur
Tanpa
tutur katula-tula katali
Kadaluarsa
katuluh
Kapatuh
pan dadi awon
Dhandhanggula
Yogyaniro
kang para prajurit
Lamun
bisa samya anulada
Duk
inguni caritane
Andelira
sang prabu
Sasrabau
ing maespati
Aran
patih suwanda
Lelabuhanipun
Kang
ginelung tri prakara
Guna
kaya ingkan purun den antepi
Nuhoni
trah utama